Simbok – Aku ora bakal lali

Hahahaha. Lucu, cerdas, kreatif dan cukup menghibur obati dahaga dengan hip-hop ala jowo. Nemu video ini di youtube dengan keyword ‘Jancuk’ huehuehue. Kena demam humor ala Suroboyoan yg di reffer oleh Viar, Didi, dkk sih. Ini Gua Yo … Hah, koncoku yang namanya Gua itu ada 2, yaitu Guateli dan Guaplek’i huehue. Nih, salut utk Band AntiAcne.

Aku ora bakal lali
opo sing wis dadi dalane uripku
Janji aku mesti bali
nemoni simbokku yo sing tak trisnani

Saka dino rebo awakku lahir ning dunyo
Saka isone mung nangis.. ora ngerti opo-opo
Banjur ditatih… ajar mlaku ngasih mlayu
Mundak gede, ngguya-ngguyu trus nangis njaluk puthu
Kabeh tak lakoni opo sing dadi dalanku
Saka ngunthet SPP banjur dithuthuk guru
Simbokku ngasih mumed nganti jengkel diamped
Aku ora wani bali wedi mengko ndak disabet
Nanging simbok tetep trisno karo aku
ra peduli aku bocah sing ora mutu
Onone nggawe mumed trus ninggal mlayu
Wis jaan… pokoke ra iso digugu

Mbook… aku njaluk ngapurane sliramu
Marahi aku kepeped ngedol jarikmu
tak nggo totoan balbalan karo koncoku
Nek menang duwite tak nggo tuku buku

Aku ora bakal lali
opo sing wis dadi dalane uripku
Janji aku mesti bali
nemoni simbokku yo sing tak trisnani

Mundak gede tekane wektu bre
mulai plirak-plirik cewek terus tak singsoti (suit suit…)
Pernah pisanan aku mbajul si Parti
jebule Simbok ono ning mburi nggowo cemeti…
Aku njur dioyak mubeng kampung nganti bengi
Aku jan wedi tenan ora wani mbaleni
Tapi esoke Simbok koyone wis lali
gelem nggaweke emmi nganggo endog siji

Mundak gede meneh, weruh duwit horni
ono neng mung njaluk jajan tak nggo ngapeli
Si Parti sing pacarku kuwi
onone mung ngejak njaluk tuku klambi
Tak pikir… aku kudu lungo nggolek rezeki
kanggo Simbokku karo tak nggo rabi
Moga-moga Simbok gelem ngrestoni
Hayo wis, aku mangkat saiki!…

Aku ora bakal lali
opo sing wis dadi dalane uripku
Janji aku mesti bali
nemoni simbokku yo sing tak trisnani

Tekan Kotagede aku dadi gumun dewe
Weruh omah-omah kok gedene podo koyo kene
Dalane ruwet pancen marahi mbingungke
Opo meneh panase… wah marahi kere….
Aku dadi sepet mergo le keno macet
Tambah mumed weruh cewek nggo rok methed
Wis pancen tak tekadi urip neng kene
golek gawean nggo butuh saben dinane

Simbok…
Aku dadi kelingan kowe
Urip neng kene ora koyo neng ndeso kae
Kabeh menungsane ngurus awake dewe
ra iso turu mikir Parti saiki kepiyee….
Aku janji arep dadi wong neng kene
Ra ketang keser-keser le ku nggolek duwite
rekasane urip ra arep tak rasake

Yo mung siji mBok:
Aku njaluk donganee…

[Reff:]
Aku ora bakal lali
opo sing wis dadi dalane uripku
Janji aku mesti bali
nemoni simbokku yo sing tak trisnani

Bagikan Yuk
[addtoany]